Pambuka
Kabupaten Brebes kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang dhaerah pantura lan berbatesan langsung karo propinsi Jawa Kulon, kota Brebes kuwe ibukota kabupatene. Kota-kota gedhe liyane antarane: Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Prupuk, Bumiayu, Salem lly. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 166.117 hektar utawa 1.657,73 km², jumlah penduduk ± 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk ± 953,20 jiwa/km².Geografis
Enggon geografis : 108° 41'37,7" - 109° 11'28,92" Bujur wetan karo 6° 44'56'5" - 7° 20'51,48" Lintang kidul.Bates Wilayah : Sisi lor berbatesan karo laut Jawa, sisi kidul berbatesan karo Kabupaten Banyumas, sisi kulon berbatesan karo Kabupaten Cirebon (Jawa Kulon), sisi wetan karo Kabupaten Tegal lan Kota Tegal. Basa sing dituturna penduduk kabupaten kiye yakuwe basa Banyumasan logat/dialek Tegalan karo basa Sunda khususe sing ana ning kecamatan Bantarkawung, Salem karo Banjarharjo, basa Sundane mirip Basa Sundane wong Banten.
Pemerentahan
Jumlah kecamatan nang kabupaten Brebes ana 17 Kecamatan, 292 Desa karo 5 Kelurahan. Pola pembangunan Kabupaten Brebes dibagi dadi 3 Sub Wilayah Pembangunan (SWP):- SWP Ia pusate nang Kota Brebes, kuwe ngeliputi
- SWP Ib pusate nang Kota Tanjung, ngeliputi
- SWP II pusate nang Kota Ketanggungan, ngeliputi
- SWP III pusate nang Kota Bumiayu, ngeliputi
Ekonomi & Sosial
Produk unggulan kabupaten Brebes kuwe: ndok asin, keramik hias, rebana, brambang karo pindang bandeng.Khusus produk andalan sub sektor industri antarane: brambang goreng, soun, kapal rakyat, karo biting hio.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar