Senin, 26 Juli 2010

Tentang Brebes

Pambuka

Kabupaten Brebes kuwe salah siji kabupaten nang Jawa Tengah sing enggone nang dhaerah pantura lan berbatesan langsung karo propinsi Jawa Kulon, kota Brebes kuwe ibukota kabupatene. Kota-kota gedhe liyane antarane: Losari, Tanjung, Ketanggungan, Larangan, Prupuk, Bumiayu, Salem lly. Luas wilayah Kabupaten kiye ± 166.117 hektar utawa 1.657,73 km², jumlah penduduk ± 1,5 juta jiwa, tingkat kepadatan penduduk ± 953,20 jiwa/km².

Geografis

Enggon geografis : 108° 41'37,7" - 109° 11'28,92" Bujur wetan karo 6° 44'56'5" - 7° 20'51,48" Lintang kidul.
Bates Wilayah : Sisi lor berbatesan karo laut Jawa, sisi kidul berbatesan karo Kabupaten Banyumas, sisi kulon berbatesan karo Kabupaten Cirebon (Jawa Kulon), sisi wetan karo Kabupaten Tegal lan Kota Tegal. Basa sing dituturna penduduk kabupaten kiye yakuwe basa Banyumasan logat/dialek Tegalan karo basa Sunda khususe sing ana ning kecamatan Bantarkawung, Salem karo Banjarharjo, basa Sundane mirip Basa Sundane wong Banten.

Pemerentahan

Jumlah kecamatan nang kabupaten Brebes ana 17 Kecamatan, 292 Desa karo 5 Kelurahan. Pola pembangunan Kabupaten Brebes dibagi dadi 3 Sub Wilayah Pembangunan (SWP):
6 Kecamatan sing digabung nang SWP III kiye rencanane arep didadekna kabupaten dhewek (Pemekaran Kabupaten Brebes). Rencanane jenenge kabupatene mengko kabupaten Bumiayu ibukotane nang kota Bumiayu. Basa sing dituturna nang wilayah Bumiayu kiye basa Banyumasan dialek Bumiayu.

Ekonomi & Sosial

Produk unggulan kabupaten Brebes kuwe: ndok asin, keramik hias, rebana, brambang karo pindang bandeng.
Khusus produk andalan sub sektor industri antarane: brambang goreng, soun, kapal rakyat, karo biting hio.




Asal Usul Brebes

Memang ana cerita- cerita sing nyeritakna anane aran-aran desa tertentu ning sajerone wilayah Kabupaten Brebes. Misale cerita soal desa Padasugih, Wangandalem, Gandasuli, Pasarbatang, Kersana, Ketanggungan lan liya-liyane. Tapi kuwe kabeh mung cerita-cerita dopokan. Laka data sing bisa go didadikna bahan go penulisan sejarah lokal. Yen saiki ana wong-wong sing kaur nyalin cerita-cerita rakyat kuwe ning bentuk tulisan, hasile ya mung salinan thok, sing tetep ora bisa didadikna go data penulisan sejarah. Salah siji cerita apik soal laire kota Brebes justru ana ning Serat Kanda edisi Brandes. Jare cerita kiye, sawise Kerajan Majapahit ngadeg lan Raden Susuruh dinobatna dadi raja ning kerajaan anyar kuwe nganggo aran Brawijaya sing kedadiyane ning taun 1221 Saka nganggo candra sengkala Sela-Mungal-Katon-Tunggal (atawa tahun 1299 Masehi), raja Brawijaya terus ngangkat Wirun dadi pepatih nganggo aran juluk Adipati Wirun, Nambi dadi tumenggung lan Reksapura dadi wedana jero. ImageRaja Brawijaya teruse njukut bojo sing mesih ana ning Galuh lan mbantu sedulure, Arya Bangah, ning perange nglawan Ciyung Wanara. Tapi ning perang kuwe Arya Bangah kalah, terus mlayu ning Lebaksiu.
Negara Galuh kebakar, Arya Bangah dusir sampe Tugu, sing ning kono pasukan Majapahit wis teka go nein bantuan. Arya Bangah ngerahna wong-wong Wetan. Sing akhire balik maning (waca: terdesak) sing kulon maring wetan. Ning pereke kali sing lantarane peristiwa kuwe darani kali Pemali, pada perangan maning. Tempat perang kuwe darani Brebes. Ciyung Wanara balik ning negarane. Arya Bangah lunga ning Majapahit, ninggalna pasukan goning pimpinane Reksapura. Raja Brawijaya terus ngangkat dheweke dadi wedana (bupati) sing ditempatna ning Tuban. Anak wadone Arya Bangah, Citrawati, kawin karo Kumara. […] Kumara ngrebut telung negara jajahane Pajajaran. Sawise kuwe gabung karo Reksapura, lunga ning Sumedang. Sing kono mereka lunga ning Galuh. Dandang Wiring naklukna Dermayu (Indramayu). Wahas (anake Wirun), naklukna Banyumas, Magelang, Prabalingga (Purbalingga) karo Caracap (Cilacap). Negara Sokapura ya bisa ditaklukna. Kumara bisa ngrebut Bandung karo Sumedang. Ciyung Wanara nyerah. Dheweke merdekakna Dipati Jayasudarga, mertuane Raja Brawijaya, lan ngirimna utusan maring Kumara. Nuruti jejalukane, Ciyung Wanara danterna ning Majapahit. Kuwe sing akhire kerajaan Pajajaran bubar taun 1223 Saka nggo candra sengkala Guna-Kalih-Tinggal-Kaji. Teruse Ciyung Wanara dangkat dadi bupati agung go wilayah Jawa Barat anjoge kali Pemali. Ning karyane, The History of Java (1817), Raffles ya nyritakna siji cerita sejen sing inti pokoke pada. Ning cerita kuwe ora disinggung soal kedadiyane daerah Brebes. Dening kajian sejarah, inti pokok cerita kuwe dhewek memang bener. Sing kaya wis dajukna Prof. Hosein Djajadiningrat ning Sastrakantanya, Kerajaan Majapahit ngadeg mulai kwartal ketelu abad XIII sampe kurang luwih taun 1518 sementara kerajaan Pajajaran mulai taun 1433/1434 sampe kemungkinan taun 1579. Sing dadine, ya ora mungkin dong darani yen Kerajaan Majapahit kuwe hasil pemisahan sing Kerajaan Pajajaran. Tapi kaya kuwe, ora bisa diabaekna soal kemungkinan yen Brebes wis ana sajege jaman Hindu. Dugaan kiye bisa dajukna lantaran kenyataan, yen ning daerah Kabupaten Brebes akeh ditemoni barang-barang tinggalan sing jaman Hindu. Barang-barang kuwe ditemukna ning pirang-pirang kawasan antarane kawasan Kawedanan Brebes. Ning kawasan kene pernah ditemokna barang-barang kuna ya kuwe patang iji gong sing Desa Slarang karo siji ali-ali emas sing Desa Karangmangu. Ali-ali kiye duwe plat meterei bentuke bunder hiasane garis-garis mlengkung sing katone kaya ula loro endase loro. Ali-ali kiye, sing ditemokna ning jerone lemah, saiki disimpen ning Museum Nasional Jakarta.

Pantai Randusanga - Brebes

Pantai Randusanga adalah pantai dengan panorama keindahan debur ombak menari-nari disertai angin yang menyejukan sejuta kedamaian bagi siapapun yang datang, 
sebelum menuju Pantai Randusanga disekitar tambak-tambak tersedia arena pemancingan serta warung-warung makan yang menyajikan aneka makanan laut  dengan bumbu-bumbu khas menggoyang lidah Pengunjung dengan selera, serta tempat yang diatas air dapat membuat pengunjung bersantai-santai melupakan kepenatan. Bila anda berkunjung keBrebes jangan lupa untuk membawa Telor Asin sebagai oleh-oleh buat kerabat.